B. Daerah

Pertanyaan

narasi pendek bahasa jawa

2 Jawaban

  • Dina Sebtu tanggal 18 Juni 2016, neng Kecamatan Samigaluh Kulonprogo tepate jam 5 esuk sakwise sholat subuh kedadean tanah longsor. Loro (2) omah warga rusak amerga kejugrukan lemah sing ana ing mburi omah dekne kabeh. Tanah longsor iki kedadean amerga udan sing teras neng kecamatan Samigaluh pirang-pirang ndiana. Papat (4) warga dadi korban jero bencana alam iki, 2 tilar ndunya, 1 tatu-tatu lan 1 maneh isih jero panggolekan tim SAR.

    Miturut warga sekitar, Tono (panduwe omah) lagi lunga menyang masjid bareng bojone, lagekne kaloro (2) anake ana neng omah kalian mbah kAkung lan mbah putrine. Kaloro anak lan mbah putrine tilar saknalika amarga kajugrukan lemah, sawentara mbah kAkunge slamet.


    Sawentara neng omah sijine duwene bapak Rudi sing lagi ditinggal mulih desa saka keluargane rusak parah. Warga sapanggon nyoba hubungi keluarga sing bersangkutan ning ora ana jawaban. Keluarga korban ngupadi nggoleki barang-barang sing isih bisa dislametake. Kanggo sawentara keluarga korban bakal manggon neng ngomah tanggane, lan korban tilar digawa menyang rumah sakit kanggo di otopsi. Kedadean iki nggawe shock keluarga korban. ketunan ditaksir sekitar atusan yuta rupiah.
    Wektu iki Aku lagi bareng salah siji warga kecamatan Samigaluh nggeh menika bapak Widada:
    Aku  : “Sugeng enjing pak, kinten-kinten wonten sebab nopo tanah longsor menika kedadean pak?” Widada : “lemah longsor iki kedadean akibat udan deras sing mudun neng kecamatan Samigaluh pirang-pirang ndina tanpa seren.” Aku  : “Pinten cacah korban jero bencana tanah longsor niki pak?” Widada : “Korbane ana 4 wong sing 2 tewas neng panggon, sing 1 tatu tatu, lan sing sijine isih jero panggolekan warga lan Tim SAR.” Aku  : “Pirang griya sing tertimbun kalian longsoran lemah pak?” Widada : “2 omah sing siji rusak enteng duwe bapak Tono lan sing sijine rusak parah duwe bapak Rudi.” Aku  : “Banjur keluarga korban tinggal tent pundi pak sakmenika?” Widada : “Kanggo sawentara iki keluarga korban tinggal neng omah tangga.” Aku  : “Kinten-kinten pinten ketunane utawi kerugianipun pak?” Widada : “ketunane sekitar atusan yuta rupiah.” 
  • Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?


    Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.


    Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh


    "Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?


    Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.


    Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.


    "Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"


    Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi. 

    Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati (Undil - 2012).

Pertanyaan Lainnya